Kamis, 03 Maret 2011

Upacara Tradisional

Sajarah

Wontenipun upacara saparan utawi bekakak menika woten gandhèng cènèngipun kaliyan sajarah wonten ing Kraton Ngayogjakarta Hadiningrat rikala Raja HB I. Nalika wekdal semanten Kraton Ngayogjakarta nggadahi abdi dalem Ki wirosuto, Ki Wirojombo Ki Wirodono,ingkang piyantun menika mujudaken abdi dalem kinasih.
Para abdi menika sedaya mapan wonten ing Pasanggrahan Ambarketawang,ananging Ki Wirosuto mboten purun wonten ing Pasanggrahan, piyambakipun saha brayatipun mapan wonten saklebetipunGuwa wonten ing Gunung Gamping.

upacara penyembelihan pengantin kangge bekakak.

Menika Gambar utawa wujudupin bekakak.

Bekakak punika salah satunggiling upacara tradhisi ingkang katindakaken dening warga masyarakat wonten ing wewengkon desa Ambarketawang, kecamatan Gamping.
Upacara meniko katindakaken setunggal taun kaping sapisan wonten wulan sapar, pramila bekakak ugi saged dipun sebat saparan.


Tarian adat Jawa Barat

Selasa, 01 Maret 2011

Mitos Jawi

Masyarakat Jawi nduweni ikatan sing erat kaliyan alam, mulano tiyang Jawi mresani sanget kaliyan kedadean wonten ing alam sekitaripun kangge pertanda kedadean-kedadean sanesipun. Hal-hal kasebut bermula saking ilmu “titen”, yaiku ilmu mendeteksi kedadean sik konstan, kedadean sik terus-menerus, lan berkaitan kaliyan kedadean sanes sik ugi konstan wonten ing kondisi sing sami.
Generasi wingking sik boten ngertos kaliyan filosofi ilmu titen niki nganggep sebagai mitos sik dianggep kedadean magis lan diyakini sanget, lan ugi wonten sik ngaitake kaliyan faham salah sijining agama lan dianggep musyrik.

1. Manuk Prenjak Nitir :
Tiyang Jawi nduweni cara ingkang unik kangge ngertosi nek badhe wonten tamu, malah cara niki dianggep luwih canggih katimbang CCTV utawi radar, sebab saged memprediksi saking adoh-adoh dinten saderengipun koyo menapa tamu sik badhe rawuh, yaiku yen wonten manuk prenjak nitir ing ngajengipun griya.
Upami posisinipun manuk wonting ing ngajeng utawi ing sisih tengenipun griya, tandane arep wonten tamu istimewa sik mbeta kaapikan. Upami wonten ing kiwo utawi ing wingkingipun griya, tandane tamu niku mbeta ala.

2. Kupu Menclok ing Griya:
Umpami kupunipun menclok ing mejo utawi kursi tandane arep wonten tamu. Warna utawi bentukipun nglambangake wujudipun tamu.
Upami kupunipun warnanipun putih apik, tamunipun ugi putih lan ayu sanget. Upami warnanipun ireng medeni, tandane tamunipun mung arep ngih utang utawi lan sapanunggalane.
Upami kupunipun menclok wonten ing awakipun sik nduweni griya, tandane tamunipun inggih menika tiyang ingkang cedhak, saged sedulur, pacar, kanca, lsp.

3. Manuk Dares Manggung :
Tiyang Jawi ugi saged memprediksi saking swaraning manuk. Menawi wonten manuk dares manggung wonten ing tengah wengi tekn esuk, tandane wonten tanggane sik nglairake. Upqami wayah manggunge saderengipun tengah wengi tandane wonten tangganipun sik hamil diluar nikah.

4. Manuk Gagak Mider-Mider :
Menawi wonten manuk gagak mider-mider wonten ing ndhuwur griya konon badhe wonten salah sawijining penghuni griyanipun sik badhe seda.

5. Pitik Jago Kluruk :
Menawi wonten pitik Jago kluruk ing wayah sonten utawi saderengipun tengah wengi, badhe wonten pagebluk utawi gangguan saking lelembut.

6. Ngimpi Bab Pitik :
Kangge sing dereng gadhah jodoh, menawi ngimpi angsal pitik dara tandane arep angsal jodoh sik tasih prawan utawi jaka. Menawi angsal pitik sik sampun ngendhog, tandane jodohipun sampun hamil rumiyin utawi upami kakung “sampun nduweni tanggung jawab kaliyan kehamilan tiyang sanes”. Luwih parah upami angsal pitik sik sampun nduweni piyik, jodohipun janda.

7. Ngimpi Bab Jenis Anak yang Sedang Dikandung Kaliyan Garwa:
Konon menawi ngimpi weruh kewan ternak sik sikil papat (sapi, kebo, wedhus, lsp) anakipun lanang. Upami ngimpi kewan unggas (manuk, pitik, menthok, lsp) anakipun wadon.

8. Ngimpi Ketemu Ula:
Menawi ngimpi ketemu utawi malah dicokot ula tandane arep ketemu calon jodohipun, pacar, utawi idola.

9. Ngimpi Ketemu Macan:
Menawi ngimpi wonten ing tengah wengi ketemu macan utawi sejenisipun, benjang utawi wonten ing wayah cendhak badhe ketemu kaliyan tokoh sik gedhe.

10. Ngimpi Ketemu Segawon:
Menawi ngimpi ketemu segawon utawi malah dicokot tandane arep oleh ala utawi petaka. Wonten ing mitos Jawi segawon iku identik kaliyan lelembut.

11. Nabrak Kucing:
Menawi lagi lelungan banjur boten sengaja nabrak kucing bias ugi kita ngalami kacilakan wonten ing dalan.

Serat Prajanjen

SERAT PRAJANJEN

Ingkang tapak asma ing ngandhap menika :
Nama : Galih Risky
Padamelan : Dokter
Mapan ing : Argomulyo, sedayu, Bantul, Yogyakarta
Minangka pihak : I
Damel prajanjen kaliyan :
Nama : Gunadi jati
Padamelan : PNS
Pidalem ing : Bandut kidul, sedayu, Bantul, Yogyakarta
Minangka pihak : II
Pihak I kaliyan II ngawontenaken prajanjen. Wondene isinipun prajanjen inggih menika :
1.Honda Jazz AB 706 JA kagunganipun pihak II dipuntumbas pihak I rikala tanggal 31 Maret 2011 kanthi regi Rp 150.000.000,00 (satus seket yuta rupiah).
2.Dene caranipun mbayar : pihak I kanthi nyicil dhumateng pihak II saben wulan wiwit tanggal 31 maret 2011 ngantos 31 mei 2012. Saben cicilan Rp 10.000.000,00 (sepuluh yuta rupiah).
3.Menawi wonten prakawis ingkang dumados sadangunipun wekdal prajanjen, badhe karampungaken kanthi pasedherekan.


Kula,
Pihak II                                          Pihak I



Gunadi jati                                   Galih Risky


Seksi :

1.Arif H
2. ILham H

Busana Adat Jawa

Gambar menika pakaian tradisional saking Ngayogyakarta. Pakaian tradisional ingkang tasih nglestarekaken sanget tradisi saking leluhur.


Serat Jawi

                                                                                yogyakarta, 31 maret 2011

Sembah sungkem pangabekti
Katur pakdhe Bagus ing solo
Nuwun, kanthi serat menika kula ngaturi priksa dhumateng Pakdhe sekaliyan,
bilih ingkang wayah ing Ngayogyakarta tansah ginanjar kabagaswarasan,
mugi-mugi pakdhe ing mriki ugi tansah manggih kawilujengan.
Kajawi menika, ngaturi priksa bilih sekolah badhe libur ing wulan Juni 2011. Menawi kepareng,
kula badhe sowan sinambi liburan ing solo.
Wasana, matur nuwun lilahipun pakdhe sekaliyan.
Menawi wonten kalepatan ingkang wayah nyuwun pangapunten saha nyuwun tambahing pangestu.
Nuwun.


Ingkang Wayah.



Galih Risky